Jumat, 27 Februari 2015

Ngelmu Pring - Rotra



ROTRA - NGELMU PRING                                   

Reff :
Pring reketeg gunung gamping ambrol                                                                                                                 
Ati kudu teteg ja nganti urip ketakol
Pring reketeg gunung gamping ambrol
Uripa sing jejeg nek ra eling jebol

Pring deling tegese kendel lan eling....
Kendel marga eling timbang nggrundel nganti suwing
Pring kuwi suket dhuwur tur jejeg....
Rejeki seret rasah dha buneg
Pring ori urip iku mati....
Kabeh ssing urip mesti bakale mati
Pring apus, urip iku lampus....
Dadi wong urip ojo seneng apus-apus
Pring pethung, urip iku suwung....
Sanajhan suwung naging ojo pada bingung
Pring wuluh, urip iku tuwuh....
Aja mung embuh ethok-ethok ora weruh
Pring cendani, urip iku wani....
Wani ngadhepi, aja mlayu mergo wedi
Pring kuning, urip iku eling....
Wajib pada eling, eing marang Sing Peparing

# back to reff

Pring iku mung suket,ning omah asale saka pring,
Usuk seka pring, cagak saka pring, gedhek iku pring, lincak uga pring, kepang cetha pring, tampare ya mung pring....
Kalo, tampah, serok, asale saka pring....
Pikulan, tepas, tenggok, digawe nganggo pring....
Mangan enak, mancing iwak, walesane ya pring....
Jangan bung, aku gandrung, jebule bakal pring....
Nek ngono pancen penting, kabeh sing nang nggon wit pring
Pancen penting tumraping manungsa sing dha eling
Eling awake, eling pepadhane, eling patine, lan eling gustine...
Wong urip kudu eling isa urip saka pring
Tekan titi wancine ya digotong nganggo pring
Bali ning ngisor lemah, padha ngisor oyot pring
Mulane padha eling, elinga sing peparing....

#back to reff

Ora bakal bubrah, merga iso melur...
Kena dinggo mikul, ning ojo ketungkul
Urip kuwi abot ja digawe abot...
Akeh repot satrek ra amot
Mulane uripmu aja dha kaku...
Melura, pasraha, ra sah dha nesu
Aja mangu-mangu ning terus mlaku...
Sanajan ro ngguyu aja lali wektu
Koe bakal bisa urip rekasa...
Ning kudu percoyo uga sregep ndonga
Husti paringana, luwih pangapura...
Marang kawula ingkang kathah lepat lan dosa
Aja ngresula, ajawedi dudu kowe, ning Gusti sing mesti luwih ngerti...
Ngatur urip lan mati, nyukupi rejeki, paring tentreming ati, cukup sandang pangan papan, bakal mukti pakarti...

#back to reff

“MATUR NUWUN SANGET”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar